Senin, 08 Maret 2010

Tugas Membuat Surat

Serat saha pangabekti
Katur Pakdhe Sagung
Ing Surabaya

Assalamualaikum Wr.Wb,
Nuwun wiyosipun, kula ngaturi wuninga bilih kula sakulawarga ing Lembeyan tansah ginanjar wilujeng boten kirang setunggal punapa. Panyuwun kula Pakdhe Sagung sebrayat ing Surabaya makaten ugi.
Kajawi saking punika, kaperenga kula matur bilih sejatosipun sampun sewetawis wekdal kula kepengin sowan Pakdhe. Nanging, mbok menawi kula saged sowan ngepasi liburan inggah-inggahan mangke. Benjang menawi kula estu dhateng Surabaya kepengin ningali jembatan Suramadu.
Wekdal punika kula saha adhik-adhik saweg badhe tes ulangan tengah semester. Kula nyuwun pangestu supados biji kula sae.
Ing wusana, cekap semanten rumiyin atur kula, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Lembeyan, 6 Maret 2010
Sembah sungkem
Putra


Amirullah N.G